Kamis, 20 November 2014

Moral remaja indonesia ingdalem babagan andhap ashor





Ing  Etimologi (asal saka èlmu tembung), Etika asalé saka basa Yunani, tegesipun ethos kesopanan utawa karakter adat. Ing Etika Kamus Umum Indonesia ateges kawruh saka prinsip moralitas (moral). Sauntara kuwi, miturut filsafat Etika bisa diarani minangka èlmu sing nylidhiki apa apik lan apa ala karo setan manungsa gati minangka adoh minangka bisa dikenal dening pikiran. Sejatine, rembagan Etika prilaku manungsa. Dene moral iku sing sesuai karo gagasan umum ditampa ing manungsa tumindak, kang becik lan kang cukup.
Saikine moral remaja bangsa Indonesia wis adoh soko “sempurna”. Geneo? Amargi remaja iku dewe wis ora ndue semangat kanggo nunjukake ing negara liya yen negara Indonesia iku negara sing nduweni andhap ashor sing apik. Maah saikine para remaja Indonesia nunjukake sifat sing ora pantes diudoh-udohno  marang wong liya.
Akeh sebab sing ndadekake para remaja nduweni sikap sing bertentangan karo tujuan negara Indonesia. Kayata : kirangipun pehatian saka wongtuo, pergaulan sing salah, kirangipun pengetahuan babagan agami, lan sanes-sanesipun. Mila para remaja sakniki kedah memperbaiki lan ngrubah sifat negatif.
Akeh cara sing bisa dilakoni kanggo njunjung moralitas remaja bangsa Indonesia. Saka cara sing sederhana, yaiku migunakake bahasa krama marang tiyang sepuh, utamnipun bapak lan ibu, saha para guru. Sakjane nerapaken kebiasaan ngoten nggih mboten abot yen sampun diniati kanthi sae. Nanging  kadang para remaja nduweni sifat gengsi marang kanca liyane.
Misale para remaja sing taseh sekolah. Ten sekolahan sampun wonten tata tertib “Harus Menggunakan Bahasa yang Benar dan Sopan” nanging yo taseh katah sing nglanggar. Padahal sekolahan wis nediyani fasilitas lan guru pembimbing sing mumpuni. Tapi kesadaran remaja durung bisa ditunjukake.
Akeh manfaat sing bisa dirasakake yen remaja gelem migunakake bahasa krama. Antawisipun inggih menika ; bangsa Indonesia  saged dados bangsa sing dikenal positif melalui etika para remaja sing gelem njunjung bahasa krama kanthi sae., lan katah manfaat sing liyane. Mila para remaja Indonesia padha semangato njunjung bahasa kesopanan, bahasa krama. Supaya bangsa Indonesia makmur, lan sejahtera.



Nama : Nadiatul Khasanah  XI IPA 1
Artikel Moralitas Remaja Indonesia jaman Globaisasi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar